Headlines News :
purbalingga
Home » , » Blangkon Banyumasan

Blangkon Banyumasan

Written By Kabare Bralink on Friday, December 27, 2013 | 11:36 PM

Kabarebralink - Sawijining wektu Kaki Bawor lagi gendhu-gendhu rasa karo kanca-kanca sekang Kerukunan Keluarga Banyumasan (KKB) kelebu sesepuh KKB Bp Purbadi Hardjoprayitno, lan Ketua Umum KKB Kuswandi. Nang acara  kuwe uga ana kang Eko Purwanto, ketua KKB sing mbidangi seni lan budaya, Ali Rahmat Sekretaris Umum KKB, Sayono Ketua Umum Kulabangga,  lan isih akeh maning kanca KKB lan Kulabangga sing njuran melu nimbrung.

“Kaki Bawor, rika ngerti apa ora, wong banyumasan kuwe duwe cirri khas blangkon apa ora. Kayane inyong durung tau weruh blangkon khas Banyumasan”, takone Pak Purbadi maring kaki Bawor lan kanca-kanca wektu kuwe.

Sedurunge kaki Bawor mangsuli pitakone Pak Purbadi, inyong arep negesaken utawa nerangaken apa sih sing jenenge blangkon. Blangkon kuwe jan-jane tutup sirah sing degawe sekang iket. Lha njuran rika mbokan takon maning, iket kuwe apa. Iket kuwe bujuran utawa bahan batik khas kanggo keperluan kuwe, wujude persegi telu sing detalekaken nang sirah. Kenangapa sirah utawa endas koh ndadak detaleni nganggo bujuran. Jalaran jaman gemiyen, akeh wong lanang, kelebu perjurit kraton apa perjuritkabupaten sing rambute dawa. Men ora pating klembrah, rambute njur detaleni utawa bahasa Jawane deiket nganggo bujur sing njuran dejenengi iket.

Lha sing jenenge blangkon kuwe jan-jane wujud praktis sekang iket sing mujudaken tutup sirah lan degawe nganggo bahan utawa bujuran batik Blangkon dhewek biasane lan luwih sering deanggo kanggo kanca batir sing ngagem busana kejawen. Sekang pirang-piranmg model, salah siji ana blangkon sing nganggo bendholan utawa tonjolan nang mburi. Benjolan utawa tonjolan nang mburi8 blangkon dejenengi mondholan.

Mondolan kuwe jan-jane nggambaraken jiretan rambut sing dekumpulaken nang mburi angger nganggo iket. Ningen nang model blangkon, deterusaken nganggo mondolan sing dedeleh nang mburi. Blangkon sing nganggo mondolan kuwe biasane gaweyan sekang Mataraman Yogyakarta. Lha angger blangkon gaya Mataraman Surakarta, nang sisih mburi ora nana mondolane ningen rata.

 “Warga Banyumasan nurut inyong sih kayane ora nduwe cirri khas blangkon. Ningen angger dedeleng sekang penayagan utawa dalang Banyumasan sih, akeh-akehe nganggo blangkon khas Mataraman Surakarta, ningen pucuke degawe dawa. Tegese, pucuke iket dlawer Mandan dawa nang pucuk, angger depadakaken karo gaya Surakartaaan sing mburine pesek ningen pucuke iket dlawere cindek” wangsulane kaki Bawor mangsuli pirtakone kaki Purbadi.

Blangkon nurut inyong ga dudu duweke wong Jawa (tengah lan wetan) ningen wong sunda utawa Jawa barat uga akeh sing nganggo blangkon lan iket. Malahan wayang golek Jawa Barat, tokoh cepot uga dadi paraga sing nganggo blangkon” ujare kaki Bawor.

Filosofi wong Jawa
Blangkon mujudaken tutup sirah sing asal muasale sekang pengaruhe Hindu lan Islam. Para ulama Arab sing pada teka nang TanahJawa kawit jaman kuna, wis pada nganggo sorban sing diubetaken nang sirah> Lha sorban kuwe sing ditiru dening wong jJawa, ningen sing deenggpo dudu sorban arab ningen iket sing degawe sekang kain batik. Ningen kanggo golet bahan batik singamba kaya sorban wektu semono larang. Mulane njuran degawe sing ciut utawa mung separo wujud segitelu. Lha sorban segitelu kuwe dening wong kang nduweni ketrampilan njuran degawe tutup sirah sing permanen wujud blangkon.

Wong Jawa, nurut sewetara sedulur, kuwe paling angel dijikot aten-atene. Ketone apik alus,ningen jan-jane atine mendongkol. Kaya blangkon. Ketone sekang ngarep alus, mlipit, ningen nang sisih mburi keton nek atine ruwet, ana mondolane. Kuwe jere kanca sepuh mbiji blangkon. Mulane falsafahe blangkon deanggo nang wong-wong Jawa sing kaya kuwe mau. Tukang mbedongkol tukang mbulet senajan nang ngarepe mesem manis.

Pancen beda karo falsafahe wong banyumasan sing blakasuta, terus terang apa anane. Ora nana sing deumpetaken. Nek  ala ya deomong ala, ningen angger kecul  ya deomong kecut. Mulane angger nang banyumasan, arang ana dalang utawa penayagan (sing biasane blagkonan) nganggo blangkon gaya Mataraman Yogyakarta.

Seliyane kuwe, Banyumasan mulai jaman kuna pancene ya dikuasani dening keratin Susuhunan Pakubuwono nang Surakarta Hadiningrat. Akeh adipati utawa bojo adipati sing turunan Surakarta. Nganti ageman wujud jarit, blangkon, surjan uga nurun sekang kraton Kasunanan Surakarta.

Sing cetha tah, wong banuumasan seneng apa anane, blakasuta, golog sor. Pancen ketone pahit utawa kasar. Ningen ora nganggo detutupi, ora nganggo senyum manis nang ngarep ningen mendongkol nang mburi. Wong banyumas nek seneng ya deomong seneng, nek ala ya deomong ala. Apa anane. Ora kaya blangkon.(Trimulya)
Share this article :

2 comments:

 
Copyright © 2011. Kabare Bralink - All Rights Reserved
Desain by Darmanto Theme by Mas Kolis